Pages

Sunday, October 3, 2010

Tugas Bahasa Jawa : Nggawe Ukara

KROMO INGGIL
1.  Jumeneng :  Eyang jumeneng wonten ngajeng ndalem, amargi nenggo angkot, badhe tindak dateng Pati.   
2.  Meniko : Piyayi meniko remenipun tindak-tidak wayah injang, amargi saged ndamel badanipun sehat.
3. Wonten : Dalem kawulo wonten pinggir margi ageng, dadosipun gamping menawi badhe tindakan.
4. Sinten : Sinten engkang tansah asring olah rogo, badanipun saget seger lan saras.
5. Kawula : Kawulo murid SMP Tigo Pati, sekolah ingkang paling sae wonten Pati.
6. Puniko : Soalipun boso jawi puniko saget dalem rampungaken kanthi sae.
7. Tresnani : Pelajaran ingkat paling dalem tresnani, inggih puniko pelajaran boso jawi.
8. Mboten : Dinten Senin kolo wingi, dalem mboten saget mlebet sekolah, amargi wonten dalemipun eyang.
9. Nggih : Inggih, kahananipun kawulo sae, mekaten jawabanipun kawulo, kolo dipun telpon eyang kolo 
    wingi.
10. Sami : Regi gendis petak wonten pati, sami kaliyan reginipun wonten solo.
11. Tembang : Eyang remen sanget tembang jawi, ingkang dipun puter wonter radio
12. Pangpura : Dinten riyadi kolo wingi dalem sampun nyuwun pangapuro kaliyan eyang lan sedoyo      
      sederek  ingkang kempal wonten dalemipun eyang.
13. Wangsul : Wangsul sekolah, dalem biasanipun dipun papak nitih sepeda motor.
14. Saged : Soal ulangan matematika kolo wau saged dalem rampungaken kanthi leres sedoyo.
15. Kasyataning : Kasatyaning Patih Gajah Mada inggih meniko saget nyatuaken wilayah nusantoro.
16. Lenggah : Eyang biasanipun lenggah wonten teras, nenggo dalem wangsul saking sekolah.
17. Dereng : Dalem dereng nathe wangsul sekolah nitih becak, amargi griyo dalem tebih.
18. Lare : Wonten ngajeng griyo, menawi sonten biasanipun rame lare-lare sami dolanan.
19. Kirang : Kolo wau enjang kulo mbayar angkot kirang amargi mboten wonten artho alit.
20. Langgeng : Gusti Allah meniko kagungan sifat moho agung sarto langgeng .

NGOKO
1. Ngadeg : Eyang ngadeg nyang ngarep omah , nunggu angkot, amargo arep menyang Pati.
2. Iki : Wong iki senengane mlaku-mlaku esuk, amargo iso gawe awake sehat.
3. Ono : Omahku ono pinggir dala gede, dadi gampang yen arep lungo.
4. Sopo :Sopo wae sing sregep olah rogo, awake iso seger lan sehat.
5. Aku : Aku murid SMP telu Pati, sekolah sing paling apik nyang Pati.
6. Iku : Soal boso jowo iku iso tak rampungke kanthi apik.
7. Seneng : Pelajaran sing paling tak senengi boso jowo.
8. Ora :Dino Senin wingi aku ora mlebu sekolah, mergo aku nyang omahe eyang.
9. Ya : Ya, kahananku apik, ngono jawabku pas ditelpon karo eyang.
10.Podho : Rego gulo pasir ono Pati podho karo rego ono Solo.
11. Lagu : Eyang seneng banget lagu jowo sing diputer ono radio.
12. Ngapuro : Dino riyoyo wingi aku wis njaluk ngapuro karo eyang lan kabeh sedulur sing nglumpuk nang
      omahe eyang.
13. Mulih : Mulih sekolah aku biasane dipethuk numpak sepeda motor.
14. Iso : Soal matematika mau iso tak garap kabeh kanthi bener.
15. Sakti/Digdoyo : Kadigdayan pati Gadjah Mada yoiku ngabungno wilayah nusantoro.
16. Lingguh : Eyang biasane lingguh ono teras nunggu aku mulih sekolah.
17. Durung : Aku durung tau mulih numpak becak, amargo omahku adoh.
18. Bocah : Ono ngarep omah, yen sore biasane rame bocah podho dolanan.
19. Kurang : mau esok aku mbayar angkot kurang mergo ora duwe duwit receh.
20. Langgeng : Gusti Allah kuwi duwi sifat maho agung lan langgeng

Nama : Salsabila Darin Widya 
Kelas : 7B
Absen : 25

Sunday, September 26, 2010

Tugas Bahasa Jawa : Lebaran

Sebelumnya, maaf kalau ada salah kata atau penulisan...

LEBARAN
   Dinten Jum'at enjing dawah dinten riyaya , kawula kaliyan kaluarga tindhak dhateng mergi ageng celak kaliyan dalemipun eyang kula ingkang wonten Boyolali. Sedaya ketingal sumringah lan katah ingkang nganggem ageman enggal.
   Sak rampungipun sholat Ied, kula sungkem kaliyan eyang. Sak sampunipun sungkem , eyang mbagi wisit kagem putu wayahipun sedaya.Sak sampunipun, sadaya tindhak shilaturahmi dateng dalemipun sedherek. Acaranipun ngantos sonten.
   Dinten lebaran kaping kaleh,wonten acara halal bi halal kaluarga.Purna jam kaleh siang.Sak derengipun kundur datheng dalemipun eyang, sedaya sami dolan datheng '' Kampoeng Kopi Banaran'' ngantos dalu.
   Dinten Ahad enjing, kula wangsul datheng Pati medal Jepara sak perlu silaturahmi datheng sedherek ing Jepara. Dugi Pati jam songo dalu.


Dipun susun kaliyan: Salsabila Darin Widya 
kelas                      : 7B
absen                     : 25