Pages

Sunday, October 3, 2010

Tugas Bahasa Jawa : Nggawe Ukara

KROMO INGGIL
1.  Jumeneng :  Eyang jumeneng wonten ngajeng ndalem, amargi nenggo angkot, badhe tindak dateng Pati.   
2.  Meniko : Piyayi meniko remenipun tindak-tidak wayah injang, amargi saged ndamel badanipun sehat.
3. Wonten : Dalem kawulo wonten pinggir margi ageng, dadosipun gamping menawi badhe tindakan.
4. Sinten : Sinten engkang tansah asring olah rogo, badanipun saget seger lan saras.
5. Kawula : Kawulo murid SMP Tigo Pati, sekolah ingkang paling sae wonten Pati.
6. Puniko : Soalipun boso jawi puniko saget dalem rampungaken kanthi sae.
7. Tresnani : Pelajaran ingkat paling dalem tresnani, inggih puniko pelajaran boso jawi.
8. Mboten : Dinten Senin kolo wingi, dalem mboten saget mlebet sekolah, amargi wonten dalemipun eyang.
9. Nggih : Inggih, kahananipun kawulo sae, mekaten jawabanipun kawulo, kolo dipun telpon eyang kolo 
    wingi.
10. Sami : Regi gendis petak wonten pati, sami kaliyan reginipun wonten solo.
11. Tembang : Eyang remen sanget tembang jawi, ingkang dipun puter wonter radio
12. Pangpura : Dinten riyadi kolo wingi dalem sampun nyuwun pangapuro kaliyan eyang lan sedoyo      
      sederek  ingkang kempal wonten dalemipun eyang.
13. Wangsul : Wangsul sekolah, dalem biasanipun dipun papak nitih sepeda motor.
14. Saged : Soal ulangan matematika kolo wau saged dalem rampungaken kanthi leres sedoyo.
15. Kasyataning : Kasatyaning Patih Gajah Mada inggih meniko saget nyatuaken wilayah nusantoro.
16. Lenggah : Eyang biasanipun lenggah wonten teras, nenggo dalem wangsul saking sekolah.
17. Dereng : Dalem dereng nathe wangsul sekolah nitih becak, amargi griyo dalem tebih.
18. Lare : Wonten ngajeng griyo, menawi sonten biasanipun rame lare-lare sami dolanan.
19. Kirang : Kolo wau enjang kulo mbayar angkot kirang amargi mboten wonten artho alit.
20. Langgeng : Gusti Allah meniko kagungan sifat moho agung sarto langgeng .

NGOKO
1. Ngadeg : Eyang ngadeg nyang ngarep omah , nunggu angkot, amargo arep menyang Pati.
2. Iki : Wong iki senengane mlaku-mlaku esuk, amargo iso gawe awake sehat.
3. Ono : Omahku ono pinggir dala gede, dadi gampang yen arep lungo.
4. Sopo :Sopo wae sing sregep olah rogo, awake iso seger lan sehat.
5. Aku : Aku murid SMP telu Pati, sekolah sing paling apik nyang Pati.
6. Iku : Soal boso jowo iku iso tak rampungke kanthi apik.
7. Seneng : Pelajaran sing paling tak senengi boso jowo.
8. Ora :Dino Senin wingi aku ora mlebu sekolah, mergo aku nyang omahe eyang.
9. Ya : Ya, kahananku apik, ngono jawabku pas ditelpon karo eyang.
10.Podho : Rego gulo pasir ono Pati podho karo rego ono Solo.
11. Lagu : Eyang seneng banget lagu jowo sing diputer ono radio.
12. Ngapuro : Dino riyoyo wingi aku wis njaluk ngapuro karo eyang lan kabeh sedulur sing nglumpuk nang
      omahe eyang.
13. Mulih : Mulih sekolah aku biasane dipethuk numpak sepeda motor.
14. Iso : Soal matematika mau iso tak garap kabeh kanthi bener.
15. Sakti/Digdoyo : Kadigdayan pati Gadjah Mada yoiku ngabungno wilayah nusantoro.
16. Lingguh : Eyang biasane lingguh ono teras nunggu aku mulih sekolah.
17. Durung : Aku durung tau mulih numpak becak, amargo omahku adoh.
18. Bocah : Ono ngarep omah, yen sore biasane rame bocah podho dolanan.
19. Kurang : mau esok aku mbayar angkot kurang mergo ora duwe duwit receh.
20. Langgeng : Gusti Allah kuwi duwi sifat maho agung lan langgeng

Nama : Salsabila Darin Widya 
Kelas : 7B
Absen : 25

No comments:

Post a Comment